Rabu, 30 Mei 2012

bingung

opo kudu pinter to, nulis ki ? ngalamun, ndopok, nggdebus, ak iso...
ning yen  meh nulis ngono kok rumangsaku angele ra eram... sak jane yo pengen nulis sing mutu ngono, ning piye meneh, nulis sing ecek-ecek, ceng-cengpo we raiso.. raiso po rung iso ? podo wae... intine ra jegos.. need help..

Rabu, 07 Desember 2011

sariawan

ak wis biasa sariawan, ning loro mergo sariawan kok rasane cen jan tenan, ra tahan dab..
sambat karo tonggo, kabeh do nduduhke abotil, la rumangsaku ra mempan gek.
nganggo adem sari, sak warumg e tak tuku, marine podo wae..
di obati seminggu, ra di obati yo seminggu.. dadine yo wis, tak jarno sisan..
ning yen pas kumat lorone, opo meh yen arep mangan, ampun-ampun je, ak...
ak ndisik tau suwe ra sariawan, ning ak dewe ra dong, ngopo kok iso..
yen sak iki sasate rong minggu po telung minggu pisan, bojoku malah yo sariawan ndek ingi..
penyuwunku mugo ndang mari,..
amiiin.

Selasa, 06 Desember 2011

ngantuk

blog ra mutu..
blog ku..
blog sak-sak e..
blog ku...
blog ra nggenah..
blog ku..
blog ngawur..
blog ku..
blog ora nyleneh..
blog ku..
yo sak karep ku to, arep tak etet-etet, arep tak usek-usek, arep tak untel-untel..
blog ku..

Rabu, 30 November 2011

ora eneng

lagi ura pengen ngupu-ngupu...
kokean pikiran...
pengen ngene males, ngunu yo males..
bunek..
karep, pengen nulis sing apik.. apa daya ura apik...
gaya sok ngeblog, ngurutne tulisan we ra jegos..
blog cap kacang..
dadine yogur tulisan abal-abal..

Sabtu, 26 November 2011

pisanan

alhamdulillah..
ra nyongko, nggawe blog kui gampang.. sing penting manut ( ngelmune wong ndeso ) he he..
 kon ngene iyo, ngono yo iyo... yo to ? wis, dadi..
padal ak mau semelang lho, ning ra ngerti opo sing di semelangi..
senmene sek..
sesuk meneh, yen jik urip..
pareng, maturnuwun..
katah lepat, nyuwun pangapunten..
wassalamualaikum warohmatullahi wa barokatuh..